Jumat, 23 Maret 2012

DAKWAH SUNAN KALIJAGA

KHUTBAH  JUM’AT
tentang
DAKWAH  KANJENG SUNAN KALI JAGA
NGANGE PENDEKATAN BUDAYA

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اَللّهِ وَبَرَكَاتُةُ.
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِى احْتَجَبَ فِى حِجَابِ جَلَالِهِ فَلَاتَرَّهُ الْعُيُوْنُ. وَتَفَرَّد فِيْ صِفَاتِ كَمَالِهِ فَلَا تُخَالِطُهُ الظُّنُوْنَ. وَحَكَمَ عَلى عِبَادِه بِشُرْبِ كَأْسِ الْمَكْنُوْنِ كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ وَنَبْلُوْكُمْ بِالشَّرِّ وَالْخَيْرفْتَنَةً وَاِلَيْنَا تُرْجَعُوْنْ .
(اَحْمَدُهُ) سُبْحَانَهُ وَتَعَالى بِمَحَامِدَةِ الَّتِى يَذْكُرُهُ الْحَامِدُوْنَ. وَاَشْكُرُهُ بِشُكْرِهِ الَّذِيْ تَقَرَبُهُ الْعُيُوْنُ. وَاَشْهَدُاَنْ لَااِلهَ اِلَاّ اللهِ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الْعَاِلمُ بِمَا كَانَ قَبْلَ اَنْ يَكُوْنَ. وَاَشْهَدُاَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ يَالَهُ مِنْ نَبِيٍّ تَشَرَّفَتْ بِهِ اْلَانْبِيآءُ وَالْمُرْسَلُوْنَ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَاِركْ عَلى هذَاالنَّبِيِّ الْكَرِيْمِ. وَالرَّسُوْلِ السَّيِّدِ السَّنَدِ اْلاَغْنِيَاءُ وَكَلَائِيْ وَالْفُقَرَاءُ عِيالِى فَاِذَا بَخِلَ وَكَلَائِيْ عَلى عِيَاِلى اَذَقْتُهُمْ نَكَالِى وَلاَ اُبَالِى.
Para sedherek ingkang dimulyakake Allah SWT.
Samiyo inget, samiyo angen-angen ! menawi kita mahos kalimat syahadat
أَشْهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللّهُ
Ingkang artosipun: “Kulo ngakoni bilih mboten wonten Pangeran inkang kulo sembah lan kulo tha’ati dawuh-dauhipun, kejawi Allah SWT”.
Ucapan engkang mekaten puniko ngandung artos bilih kita ngaturaken kesanggupan wonten ing ngersanipun Allah SWT, menawi kita badhe ibadah dumateng Allah SWT lan kita badhe ngagungaken Allah SWT, badhe taat lan nurut nindhakaken sedoyo perintahipun Allah SWT.
Mengertiyo, bilih salah suwijine tingkah laku ingkang sanget penting dumateng kita sedoyo inggih punika saling ngingetaken ing antara kita sedoyo, saling nasehati ing dalem urusan nyerpurnakake iman lan sabar.
Mengertiyo, bilih ulama’ meniko pewaris para nabi ing dalem nyebarake agama Islam, nunjuke dalan ingkang bener lan ingkang klenthu. Berkat perjuangan para ulama’ meniko kita sedoyo dipun tebehake sangking kesesatan lan saged angsal ketrentaman ing dunia lan akhirat. Para ulama meniko ibarat lampu  ingkang saged nerangi ati kang peteng.
Meniko sebabe Rasulullah SAW dhawuh:
اَلْعُلَمَاءُ مَصَابِيْحُ اْلاَرْضِ وَخُلَفَاءُ اْلَانْبِيَاءِ وَوَرَثَتِى وَوَرَثَةُ اْلَانْبِيَاءِ    رواه ابن عدىن عن على
Artosipun:“Ulama’ meniko dados lampu-lampu ing bumi, penggantos para nabi, pewarisku lan pewaris para nabi”. (HR. Ibnu Ady dari Ali).
Ing hadits sanes, Rosulullah SAW. dhawuh:
اَلْعُلَمَاءُ وَرَثَةُ اْلَانَبِيَاءِ تُحِبُّهُمْ اَهْلُ السَّمَاءِ وَتَسْتَغْفِرُ لَهُمُ الْحِيْتَانُ فِى الْبَحْرِ اِذَا مَاتُوا اِلى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
Artosipun: “Ulama’ meniko pewaris-pewaris para nabi, ahli langit (para malaikat) seneng dumateng ulama’ lan iwak-iwak ing segara nyuwun pangapura kangge ulama’ seumpami ulama’ meniko sedo ngantos dinten kiamat”. (HR. Ibnu Najjar dari Anas).
Para sedherek ingkang dimulyakake Allah SWT.
Mlebete Islam maring Indonesia meniko panci dangu prosesipun, Islam meniko dibetho kaleh para pedagang lan ulama’ Arab lewat perdagangan sekitar abad 7 M. Islam tersebar ing sekabehane Nusantara lan akhiripun ngantos ing Jawa kang dibetho dumateng para wali Allah SWT ingkang beriman lan taqwa.
Wali inggih punika tiyang (ulama’) pilihan sangking Gusti Pangeran ingkang dipun tugasaken kangge nyebarake agama Islam sing hak. Kathah para ulama’ ingkang nyebaraken agamane Allah SWT ana ing pulau Jawa inggih punika  Sunan Gunungjati, Sunan Bonang, Sunan Drajat, Sunan Giri, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan Gresik, lan Sunan Kalijaga
Para wali meniko peranipun mboten namung dados mubaligh utawa da’i ingkang ngajaraken kaidah lan ajaran  Islam mareng masyarakat lan pembesar kerajaan mawon, nanging para wali ugi dados pemimpin masyarakat lan pemimpin raja.
Ing dalem nyebarake agamane Allah SWT, walisongo nggunakake cara ingkang benten-benten tur teseh asing ing tengah-tengah masyarakat. Supados nopo ingkang badhe diterangaken meniko gampil ditampi, para walisongo melajari bahasa lokal yaiku bahasa Jawa, merhatekaken kebudayaan lan kebiasaan masyarakat setempat.
Amargi masyarakat jawa meniko seneng kelawan kesenian, para wali nggunakake kesenian tradisional kangge nyebaraken agamane Allah SWT. Lan masukaken prinsip-prinsip Islam wonten ing dakwahipun. Ing antaranipun damel tembang-tembang keislaman, gamelan, lan nganakaken pertunjukan wayang ngangge lakon Islami.
Para sedherek ingkang dimulyakake Allah SWT.
Salah suwijine wali ingkang kita sedoyo ngertosi inggih punika Raden Syahid utawa ingkang luwih kita kenal Kanjeng Sunan Kalijaga. Kanjeng Sunan Kalijaga inggih punika wali ingkang asmaipun paling kathah disebut masyarakat Jawa khususipun masyarakat Demak, luwih-luwih asma Kanjeng Sunan didadosaken nami salah suwijine Universitas ing kota Yogyakarta inggih punika UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta.
Wonten ing dakwahipun Kanjeng Sunan Kalijaga anggadahi metode ingkang sami lan dados sahabat karib ipun Kanjeng Sunan Bonang. Lan Kanjeng Sunan Kalijaga luwih milih kesenian dan budaya Jawa kangge narik hati masyarakat kagem dakwah ipun ugi kanjeng sunan luwih merhatekaken budaya lokal, amargi masyarakat Jawa luwih ngajengkaken adat istiadat lan budaya. Kanjeng Sunan Kalijaga ngendika masyarakat badhe ngelungani lan mboten purun menawi dipekso kangge masuk agamane Allah SWT. Mongko masyarakat Jawa kedah di rangkul secara bertahap:  Derek karo nyeru lan mempengaruhi ngangge cara ingkang sae.
Dhawuhipun Allah SWT:
اُدْعُ اِلى سَبِيْلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُمْ بِا لَّتِيْ هِيَ اَحْسَنْ اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهِ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ.
Artosipun: “Ajak-ajakko menungsa maring dalan Pengeranmu kelawan hikmah lan mauidhoh kang bagus lan bantaho siro kabeh kelawan ngangge cara ingkang sahe. Saktemene Pangeranmu niku luwih ngerti maring sopo bahe kang pada sesat dalanne Pangeran lan Pangeran iro sing luwih ngerti marang manungsa-manungsa ingkang angsal pituduh”. (Q.S. An-Nahl: 125)
Kanjeng Sunan Kalijaga inggih punika salah setunggalipun ulama’ ingkang cerdas ing dalem memahami masalah dakwah. Waktu Kanjeng Sunan Kalijaga ningali masyarakat Jawa teseh seneng maring budaya wayang. Kanjeng Sunan mboten langsung ngelarang utawa ngejaraken. Namung kesenangane siro kabeh (masyarakat Jawa) meniko dados pituduh ing dalem dakwahipun Kanjeng Sunan. Tanpa ngelarakake lan nyinggung perasaan masyarakt Jawa, Kanjeng Sunan Kalijaga nawaraken budaya wayang, ngangge kemasan utawa alur ingkang maringi pencerahan moral kang bernuansa Islami, tujuanipun inggih punika supados pesan-pesan agama, kadose: sahadatain ingkang dikemas ngangge ungkapan “kalimo sodo” artosipun inggih punika “kaleh kalimat sahadat”.


أَشْهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللّهُ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًالرَّسُوْلُ اللّه
Artosipun:“Kulo bersaksi inggih mboten wonten Gusti Pangeran selain Allah SWT lan Muhammad SAW niku utusan Allah SWT”.
Pramilo Kanjeng Sunan Kalijaga ngembangake wayang purwa lan wayang kancil, Wayang purwa lan wayang kancil ingkang kadamel sangking kulit kebo meniko disalurke dados wayang ingkang corakipun Islam. Ing dalem nyelenggarakake pementasan wayang, Kanjeng Sunan Kalijaga meniko  milih panggenan kang mboten tebeh sanking masjid, amargi secara mboten langsung nyelenggarakake wayang ing sekitar masjid meniko nambah nuansa Islam kangge masyarakat ingkang delok pewayangan meniko.
Kanjeng Sunan Kalijaga ngubah cerita wayang ngangge menehi ajaran-ajaran lan pesan moral ingkang cocok kaleh ajaran Islam. Salah suwijine ajaran moral Islam ingkang terkandung wonten ing cerita wayang saged kita sedoyo tingali wonten ing tokoh Bima inggih meniko wonten ing lakon “Bima Suci”. Ajaran moral Islam inkang terkandung wonten ing lakon “Bima Suci” meniko dibagi dados sekawan tahapan: syaria’t, hakikat, makrifat, lan tarekat. Wonten teng lakon niku, Bima dados tokoh penting ingkang menyakini wontene Gusti Pangeran kang setunggal. Pangeran meniko nyiptakake dunia lan seisine. Pangeran kang ngatur segala napa mawon ing bumi niki.
Allah SWT dhawuh:
قُلْ هُوَ اللّهُ اَحَدٌ
Artosipun: “ Ngendikoho yen Allah SWT, ingkang Maha Esa”. (Q.S. Al-Ikhlas: 1)
Sanese ajaran moral, lakon niki ugi berisi ajaran-ajaran masalah ngucali ilmu, sikap sabar, kelakon adil, lan tata karma.
Para sedherek ingkang dimulyakake Allah SWT.
Cara dakwah ingkang diterapake dateng Kanjeng Sunan Kalijga meniko terbukti efektif lan berhasil. Masyarakat Jawa nampi ajaran Islam tanpa wonten pertentangan lan penolakan, masyarakat Jawa nampi ajaran intgkang dibeto Kanjeng Sunan meniko ngangge lego ati utawa seneng lan njunjung duwur ajaran ingkang dibetho Kanjeng Sunan.
Wayanag meniko lajeng sering dipaparke dumatheng masyarakat Jawa. Mboten namung ing upacara-upacara kerajaan, masyarakat secara umum meniko kerep ngadakake, misalipun wonten ing acara mantenan, khitanan, selametan lan sak sanesipun. Amargi katah ajaran moral lan kesaenan wonten ing lakon-lakonipun ingkang saged dados tuntunan wonten ing kehidupan.
Sampun lumprah menawi Kanjeng Sunan Kalijga meniko nyampekaken dakwahipun ngangge pendekatan budaya wayang kulit, amargi waktu meniko masyarakat seneng sanget marang budaya. Amargi objek dakwahipun masyarakat Jawa, mongko Kanjeng Sunan mboten ngangge bahasa Arab, tapi ngangge bahasa setempat inggih punika bahsa Jawa walaupun Kanjeng Sunan ngertos lan saged nggunakake bahasa Arab.
Kanjeng Sunan Kalijaga nate nyampekaken pesan nyangkut masalah dakwahipun ingkang bunyinipun: “Yen wis tibo titiwancine kali-kali ilang kedunge, pasar ilang kumandange, wong wadon ilang wirange mangka enggal - enggala tapa lelana njlajah desa milang kori patang sasi aja ngasik balik yen during oleh pituduh (hidayah) saka gusti Allah”. Artosipun: menawi sampun dugi jamanipun teng pundi kali-kali ical dalemanipun (katah tiyang kang berilmu mboten ngamalake ilmunipun), pasar ical gaungipun (pasar tiyang beriman inggih punika masjid, menawi masjid-masjid mboten wonten adzan, para wadon ical pekewohe (mboten nutup aurat lan sanesipun), mongko cepet-cepeto siro kabeh medal sekawan sasi sangking desa setunggal maring desan sanese (sangking kampung maring kampung), sangking griya setunggal maring griya sanese kangge berdakwah, mboten pareng wangsul sakderenge angsal pituduh sangking Allah SWT.
Pesan sangking Kanjeng Sunan Kalijaga teng nginggil meniko inggih punika salah suwijine tanda fitnah kang ageng sampun dugi, menawi ingkang dimaksud kaleh fitnah inggih punika lemahipun agama lan katahipun kemaksiatan kang merajalela ing dunia niki, utawi menawi ingkang dimaksud kebingungan umat ing kalangan pemerintahan utawi rakyat, sugih utawa miskin, sepuh utawa enom, mongko sampun nampak hampir sedoyo wonten ing keadaan bingung meniko wonten ing kapasitas ingkang benten setunggal kaleh sanesipun. Sehinggo umat saat niki mboten ngertos nopo seng dikerjake, tiyang kang kerja asal kerja, asal saged angsal pangan, asal saged memperoleh kesenengan, mboten merhatekake halal utawa haram, barokah nopo mboten lan sak sanesipun.
Lan penawar sangking sedoyo permasalahn teng inggil inggih punika ”Mongko enggalo topo lelono jajah deso milang kori, ojo ngasi bali sak durunge patang sasi, entuk wisik soko sang hyang widi, (Maka bersegeralah bertapa dan berkelana, menjelajah desa, mengetuk setiap pintu, jangan sampai pulang sebelum selesai empat bulan dan mendapat ilham dari Dzat Yang Maha Esa), bertapa ingkang saged dijalanke ing dalem gua, gunung lan tempat-tempat kang sepi, tapi ing dalem pesane Kanjeng Sunan Kalijaga diperintahaken supoyo bertapa  ngangge berkelana jelajahi desa lan perkampungan.

بَارَكَ اللّهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِيْمَا فِيْهِ مِنَ الْايَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَا لسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. اَقُوْلُ قَوْلِى هذَا وَاسْتَغْفِرُاللّهَ الْعَظِيْمَ لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُالرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar: